Sunday, February 14, 2016

7 Panggonan Wisata menarik neng Tulungagung Terbaru

By. Mhf45 [Explore Tulungagung]

Mari nang Retjo Sewu lan Pantai Popoh blabas ae neng pantai Coro, hehehehe masio mlaku yo ra po po to cah sehat benan. Wkwkwkwk, soale dalane angel cah, nang kene biasane ngojek iki khusus ibuk-ibuk utowo mbah-mbah lo, hahahaha, lek sek enom tur sehat yo mlaku ae cah  nglewati perbukitan kiro-kiro 45 menit an lah mlakune teko pantai Popoh.
Pantai Coro ngunu panggone neng kecamatan Besuki Kabupaten Tulungagung, pasir e putih cah penak nang kene gawe leyeh leyeh, samean yo iso kungkum pasir barang lho, hahaha koyok cah cilik tapi ra po po kan seneng-seneng penting bahagia ojo pedulikan orang lain cah. Wkwkwkwk

       2. Pantai Banyu Muluk
Pantai banyu muluk iki sak sret cah karo pantai Coro, mari nang coro blabas ae neng banyu muluk, nang kene ombak e uapik cah ombak banter sing ngenek i karang dadi eksotisme sing menarik pol, hehehehe, pokok jan luar biasa ow keindahan dari Tuhan sing diwenehne dening kabupaten Tulungagung, subhanallah cah masio mlaku dijamin terbayar lah keselmu kui karo apik e pantai banyu muluk iki, dalan e tenang ae enek panah-panah e kok dadi ojo kuatir yo lek kesasar, opo ngejak tim explore Tulungagung ben ra kesasar hahahaha ihiiiir, siap kok membantu insyaallah lek pas nganggur yo cah, wkwkwkwkwkwkwk

Pantai iki jos cah pokok e, hahaha, pemandangane suiiip pol, nah iki ngunu jenenge pantai kedung tumpang cah neng kecamatan Pucang laban Tulungagung, nang pantai iki samean iso adus cah neng cekungane banyu sing kenek an ombak, dadi rasane koyok neng kolam renang ngunu tapi banyune banyu laut hahahaha, sueger pokok
Akeh wisatawan ko ngendi-ngendi sing neng pantai iki cah dadi ojo kaget lek ruame nang kene, dalanen yo sek angel butuh nyali gedhe gawe teko pantai iki marai kondisine yo sek durung diperhatikne karo pak pemerintah kabupaten huhuhuuhuhu, mugo ae diwoco tulisanku iki yo cah ben dibenahi terus samean-samean kabeh lek dolan mrene cek lancar jaya, hahaha
   
       4. Goa Tritis
Nahh, Goa Tritis iki panggone neng deso Tanggung kecamatan Campurdarat, lha iki ngunu salah sijine peninggalan bersejarah neng Tulungagung cah, panggene neng lereng gunung budheg, akases e jalan setapak nang kene. Pemandangane jos pokok hahahaha, ngenei Tulungagung punya cah ngendi neh to kutho sing kekayaane ngalah-ngalah ne Tulungagung hehehehe

       5. Gunung Budheg


Sakwise nang guo Tritis mampir dilut lah neng gunung budheg, nang kene samean iso ndelok pemandangan kutho Tulungagung teko puncak e gunung, wih apik pokok. Gambar iki pintu masuk e cah neng kene siap-siap sek yo sangu banyu seng akeh.

Lha iki puncak e cah, uapik tenan pokok e pemandangane apik lan hawane yo sueger, mlakune rada adoh 2 jam an lah kiro-kiro tapi teko nduwur jan luar biasa subhanallah, hahahaha,
Samaen yo ati2 lek munggah soale akeh ketek-ketek liar tapi selagi samean ra ngopo-ngopo yo rapopo hehehe, aman pokok e
Opo meneh lek budal isuk cah utowo nginep iso ndelok sun rise cah, uapik janan, biasane sih lek mlm minggu ngunu akeh sing nginep cah nang kono,

       6. Ranu Gumbolo Tulungagung
Nah ojo ketinggalan panggone favorit nag Tulungagung jek akeh cah, iki jenenge Ranugumbolo hahaha asline sisi lain dibalik waduk Wonorejo Tulungagung, neng kene enek muara sing apik lek cah-cah Tulungagung ngarani ne Ranugumbolo heheheh, tapi ancen jos kok cah pemandangane sips lah mari nang waduk ra enek salah e mampir rene cah lek ra eroh panggone samean tekok warga panggone ranugumbolo pundi pak/mas/mbk/buk/mbah??? Hahahaha mesti ngerti kok hehehehehe

Nah iki cah jeneng e JLS (jalur Lintas Selatan) sing nang Tulungagung hehehe, ojo salah yo ketok e mung dalan tapi iki ngunu ruame cah mestian macet e lek sore ngalah-ngalahne Suroboyo. JLS ngunu dalan bagian selatan sing ngubungng 8 kota bagian selatan nag Jawa Timur mulai teko Pacitan sampai Banyuwangi.
Pemandangane apik cah akeh cah-cah sing cangkruk an nang kene, lek ra percoyo njajal lo rene cah hehehehe, samean iso ndelok gunung-gunung sing menjulang cah pantai-pantai yo ketok disawang ko kene hehehe.


Nah kuwi lo cah wisata-wisata sing lagi Hits saiki nang Tulungagung, yoh gek ndang dikunjungi. Tapi lek rene jo lali yo sampah e di jogo, ojo guang sampah sembarangan cintai kekayaan alam Tulungagung. Hehehe.

“waktumu itu banyak, Luangkan sedikit saja untuk berkontribusi pada Kota dan Indonesia
 



1 comment: